contoh parikan dalam bahasa jawa (kelompok)
Aku ngekum, iwak teri
Assalamualaikum, dewan juri
MORO MORO
TRESNO
Ning Dalan
Sak marine muleh sekolah, onok
bocah loro tekan SMPN 2 TAMAN lewat dalan sawunggaling jenenge Kivlan karo Aldi
tekan tengah-tengah dalan arek loro iku mau ketemu arek wedok ayu jenenge Izzah
karo Sayu.
Aldi : Tuku kayu, nang Kalimantan
Ana arek ayu, ayo diajak kenalan
Kivlan : Iwak pepes, iwak bawal
Yowes, ayo budal
Aldi : Ono yuyu nang sikilmu
Cah ayu sopo jenengmu?
Izzah : Onok gajah, mlebu kupingmu
Aku Ijah, sopo jenengmu?
Aldi : Ngudek wedi, ning pinggir dalan
Jenengku Aldi, koncoku Kivlan
Kivlan : Mas Juki ngombe wedange
Kowe iki sopo jenenge?
Sayu : Tuku sekuteng, nang Wonoayu
Cah ganteng, jenengku Sayu
Kivlan : Mangan rujak, ning pinggir dalan
Mbak, yaopo ning awakdewe koncoan
Izzah : Mending tuku boto, timbang tuku
pasire
Nggeh monggo, koncoan opo salahe
Sayu : Nang Taman Bungkul mlaku - mlaku
Mangan sate campur simbukan
Nek sampean niat dadi koncoku
Malam minggu ayo ketemuan
Aldi : Budhal ngaji ora sarungan
Nang dalan didelok demit
Kowe iki ngajak malmingan
Tapi aku ora duwe duwit
Izzah : Ireng - ireng, isine kates
Ganteng - ganteng, kantonge kempes
Kivlan : Njupuk klapa munggah wit
Klapae wis mateng
Masio awakdewe ora duwe duwit
Sing penting awakdewe ganteng
Sayu : Ono banteng, munggah wit
Percuma ganteng, tapi ora duwe duwit
Aldi : Embah - embah dulinan bakiak
Sampean ojok ngenyek mbak
Kivlan : Ning warung tuku peyek
Sing tuku kutangan
Ora usah ngenyek
Yowes ayo malmingan
Izzah : Tuku yoyo, ketiban geni
Yo ayo, mene tak enteni
Sayu : Mbukak lemari isine loro
Yaopo ,tak enteni nang Agro
Aldi : Lewat tol Dupak, nyawang koco
Sembarang mbak, jam piro?
Izzah : Nyimpen duwek, ning kesak
Yaopo nek mari isya'
Kivlan : Ketrubuk becake pak Rudi
Oke mbak, ready
Pas malam minggu jam 18.30 Kivlan karo Aldi budhal
menyang agro, tekan agro pas mari isya'. Nang agro Izzah karo Sayu wes ngenteni
ket mau tapi ora kepethuk Aldi karo Kivlan.
Ning Agro
Sayu : Ngingu sapi ning Kediri
Nangdi yo arek ganteng iki
Izzah : Ning pasar tuku gulali
Ojok ngomong nek lali
---------------------------------------------------------------------
Kivlan : Nang Cina ketemu pak Broto
Cah ayu iki endi to?
Aldi : Cak To ning pasar tuku kiwi
Opo guduk kuwi?
Kivlan : Mlaku - mlaku numpak kuda poni
Yowes ayo diparani
Sayu : Tuku terang bulan, ketemu Rudi
Ikuloh kivlan, karo Aldi
Izzah : Nggowo palu, ketiban paku
Sampean dienteni ket mau
Aldi : Numpak sepeda tekan Pacet
Numpak becak, abot siseh
Sorry mbak macet
Eh mbak, sampean dino iki kok ayu seh ?
Kivlan : Dolan nang pacitan numpak gajah
Koncoku iki naksir sampean, jah
Sayu : Keledai meteng, ngombe wedang jahe
Lek seneng, yo ndang diutarakake
Kivlan :Nang Tegal, golek yuyu
Iyo Al, Ijah iki kok ayu
Aldi : Awak lemu kakean mangan marmut
Ijah, nyawang slirahmu garai atiku cenat -
cenut
Izzah : Dontok omas, disawat bal
Oalah mas, ojok nggombal
Sayu : Nggolek lele gawe tombak
Ciee, nek seneng yowes ditembak
Aldi
nembak Ijah
Aldi : Ngisor gajah, nduwur hiu
Mbak Ijah, I Love You
Sayu : Masak rawon dadi asin
Ndang diterimo, ojok isin - isin
Ijah :
Asline aku yo seneng yu ambek Aldi , tapi mosok secepet iku aku pacaran ambek areke
?
Sayu : Wes
jah ora popo nek awakmu yo podo seneng diterimo ae daripada nyesel mburine
Ijah :
Iyo seh , yoweslah tak terimo ae
Izzah : Tuku pitik oleh brutu
Mas Aldi, I Love You Too
Sayu : Mancing iwak koi, ning Kalanganyar
Bengi iki onok pasangan anyar
Kivlan : Balapan becak ketrabrak jaran
Bengi iki onok traktiran
Akhire Aldi lan Ijah pacaran pas dino Sabtu bengi jam 8,
Kivlan karo Sayu ditraktir ambek Aldi.
Kulak watu kulak bata
Watune dituku kemanten
Cekap semanten penampilan
kita
Dening wonten salah, kita
nyumun pangampunten
Godong salam, gawe mantu
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
- untuk download versi word klik disini
Terus kunjungi blog
aksell17 ini ya J
Insa Allah saya
akan terus mengupdate blog ini setiap hari nya
By : aksell17
Semoga bermanfaat !!!
0 komentar:
Posting Komentar